Wn/jv/Tlaga rasaksa karekam ing mbulan Saturnus

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Tlaga rasaksa karekam ing mbulan Saturnus

Kemis, 31 Juli 2008

Sawijining tlaga sing wiyaré mèh padha karo Tlaga Ontario ing Amérika Lor karekam ing cerak kutub lor Titan, salah siji mbulan Planèt Saturnus. Para panliti njenengi tlaga iku Ontario Lacus.

"Iki pangamatan sepisanan sing menèhi bukti kuwat yèn Titan nduwèni genangan cuwèran ing permukaané," pituturé Robert Brown saka Laboratorium mBulan lan Planèt-planèt Universitas Arizona ing Tucson, AS. Tlaga sing dawané 235 kilometer kasebut diprakirakaké nduwèni wiyar 20.000 kilometer persegi. Cuwèran sing ngisi tlaga kasebut mungel dudu banyu, nanging methan lan ethan, jinis senyawa hidrokarbon sing arupa gas ing Bumi.

Brown lan kolegané bisa ndhetèksi tlaga kasebut kanthi spektrometer visual lan infraabang sing digawa wahana Cassini. Kanthi instrumèn kasebut, wahana sing lagi njlajah ing sekitar Saturnus lan mbulan-bulané iku bisa mbédakaké waton, gesik utawa wedhi, lan cuwèran.

Sumber[edit | edit source]