Wn/jv/Taro Aso resmi dadi PM Jepang

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Taro Aso resmi dadi PM Jepang
Taro Aso

Rebo, 24 September 2008

Taro Aso kapilih minangka Perdhana Mentri Jepang nggantèkaké Yasuo Fukuda sing mundur telung minggu kapungkur. Pamilihan Majelis Asor dina Senèn (22/9), Taro Aso antuk 351 swara saka total 527 swara. Nanging mayoritas Majelis Dhuwur milih Ichiro Ozawa, ketua partai oposisi DJP minangka perdhana mentri. Senadyan perwakilan majelis dhuwur lan majelis asor ora bisa nemu mufakat, kaputusan majelis asor selaras karo konstitusi dianggep minangka kaputusan parlemèn. Kaputusan iki selaras karo pasal loro ayat 65 sing bakal dilapuraké marang Kaisar.

Sumber[edit | edit source]