Wn/jv/Tanggap warsa kaping 10, Google saya gedhé

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Tanggap warsa kaping 10, Google saya gedhé

Senèn, 8 September 2008

Plang tandha mlebu ing kantor pusat Google

Google lagi waé ngriyayakaké dina dadiné sing kaping 10 tanggal 7 September wingi. Sakwéné 10 taun iki, èksistènsi perusahaan mesin panggolèk iki saya gedhé. Kabèh iku katon saka saya akèhé layanan populèr internèt sing kasedyakaké. Contoné situs YouTube sing saiki lagi digandrungi para panganggo internet wis dicaplok Google kanthi rega US$ 1,65 miliar ing wulan Oktober 2006. Google uga ngrambah blog kanthi situs Blogger, péta digital kanthi Google Map lan Google Earth, email kanthi Gmail lan liya-liyané.

Saiki Google wiwit ngrambah platform kanggo piranti mobile. Google wis nyiapaké Android -- jeneng platform mau -- kanggo nyaingi Symbian lan Windows Mobile ing ranah bisnis iki.

Asèt bisnis Google saiki diprakirakaké wis nganti miliaran dollar. Pangadeg Google—Larry Page lan Sergey Brin – saiki mung kari ngrasakaké asil pakaryané, uga ora perlu manèh ngantor ing gudang, amarga saiki wis duwé kantor pusat ing Mountain View California, Amérika Sarékat.

Sumber[edit | edit source]