Wn/jv/Siprus lan Malta miwiti nganggo Euro minangka valuta anyar

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Siprus lan Malta miwiti nganggo Euro minangka valuta anyar


Slasa, 1 Januari 2008

Dina iki ing wayah tengah wengi, Republik Siprus lan Republik Malta, loro-loroné negara pulo cilik ing Segara Tengah lan manten jajahan Britania, ngadopsi euro minangka valuta resminé; kurang saka patang taun sawisé nggabung Uni Éropah. Amerga Siprus lan Malta papané ana ing zona wektu sing béda-béda, olèhé Siprus ngadopsi euro luwih dhisik sakjam tinimbang Malta. Ing negara loro iki euro disambut mawa parayan gedhé, kalebu sawijining tontonan kembang api ing ibu kutha Malta, Valletta. Miturut BBC, Menteri Keuangan Siprus Michalis Sarris ngendika yèn euro "bakal nguntungaké para konsumèn lan bisnis déning inflasi zona euro sing asor, kurs bunga sing asor lan pasar sing gedhé."

BBC uga nglapuraké yèn para pamimpin Siprus lan Malta "sacara simbolis njupuk dhuwit euro saka mesin ATM sawetara menit ing Taun Anyar." TIME nglapuraké yèn Perdana Menteri Malta Lawrence Gonzi kudu nunggu sedélok sadurungé bisa olèh dhuwit euro iki amerga "sawijining ATM sing kapilih ora berfungsi nalika Gonzi nyoba narik dhuwit euro, banjur dhèwèké kepeksa nganggo mesin ATM liya."

Pound Siprus lan (CYP) lan Lira Malta (MTL) tetep bisa dienggo sajroning mangsa sirkulasi ganda nganti pungkasan sasi Januari 2008. Sawisé iku rong valuta iki dudu valuta resmi manèh. Nanging sawisé mangsa iku, isih tetep bisa ngijolaké valuta iku dadi Euro tanpa béya. Bank-bank komèrsial ing Siprus bakal ngijoli Pound dadi Euro nganti 30 Juni, nanging cacahé maksimal namung nganti CYP 1000 per nasabah lan per transaksi mawa dhuwit kertas lan nganti CYP 50 mawa koin. Bank Sèntral Siprus bakal ngijoli koin CYP nganti pungkasan taun 2009 lan dhuwit kertas nganti pungkasan taun 2017. Bank-bank komèrsial ing Malta bakal ngijoli Lira Malta kanggo Euro nganti sasi Maret, mawa wates kanggo non-nasabah nganti MTL 250, kamangka Bank Sèntral Malta bakal ngijoli koin nganti 1 Februari 2010 lan dhuwit kertas nganti 1 Februari 2018.

Valuta tunggal iki wis ngganti Pound Siprus lan Lira Malta mawa kurs EUR 1,- kanggo CYP 0,585274 lan MLT 0,4293 utawa EUR 1,71 per Pound Siprus lan EUR 2,33 per Lira Malta. Kurs konvèrsi iki wis ditetepaké déning Ecofin tanggal 10 July 2007. Ecofin iku déwan Menteri Keuangan negara-negara anggota Uni Éropah.

Siprus lan Malta iku negara kaping 14 lan 15 sing nggabung karo Zona Euro sing wis nyakup Austria, Belgia, Walanda, Finlandia, Prancis, Jerman, Irlandia, Italia, Luksemburg, Portugal, Spanyol, Yunani lan Slovenia. Kabèh negara Uni Éropah wajib nggabung karo Zona Euro kejaba Denmark lan Britania Raya.

Siprus Lor minangka negara bonékah Turki ora mèlu nggabng karo Zona Euro. Siprus Lor iku dudu wilayah Uni Éropah lan namung diakoni déning Turki waé. Pituwasé yaiku Lira Turki bakal tetep dadi valuta resmi ing Siprus Lor. Senadyan mengkono TIME nglapuraké yèn toko-toko ing Siprus Lor bakal nampa Euro sasandhingan karo Lira. Koin-koin Euro Siprus uga nyandhang tèks ing basa Turki lan basa Yunani. Ing negara loro iki, pamaréntah bakal monitor toko-toko kanggo mastèkaké yèn kabèh iku ora nyalah-gunakaké pangowahan valuta iki kanggo munggahaké rega-rega mawa cara mbuletaké rega-rega munggah lan nambah inflasi.