Wn/jv/Serangan bom téroris néwasaké 80 jiwa ing Jaipur

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Serangan bom téroris néwasaké 80 jiwa ing Jaipur
Rajasthan ing India

Rebo, 14 Mei 2008

Miturut sawetara sumber, sawijining séri bom sing wis dikoordinir dijeblugaké ing Jaipur, ibu kutha negara bagéyan Rajasthan, India ing dina Slasa, 13 Mei. Sakurang-kurangé 80 jiwa téwas lan luwih saka 200 jiwa tatu-tatu.

Bom-bom iki padha njeblug sajroning wektu 20 menit lan ngrusak bazar tengah kutha sing kebak wong, wiwitané jam 7:20 p.m. IST. Bom sing kaping wolu sing ora njeblug, ditemokaké. Sepuluh saka wong sing téwas iku bocah cilik. Sawisé pangeboman iki, ana jam malam sing dianakaké ing dina awan.

Dina Rebo iki ana wong loro sing wis dicekel. Miturut Vasundhara Raje, Menteri Utama Rajasthan, sing nglakoni pangeboman iki kelompok internasional. Mbok-menawa sing dikarepaké kelompok saka Pakistan.

Présidhèn Pakistan Pervez Musharraf lan Perdana Menteri Yousaf Raza Gillani loro-loroné ngecam insidèn ing Jaipur iki.

Sumber[edit | edit source]