Wn/jv/Sawijining wong wadon téwas katiban pang uwit

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Sawijining wong wadon téwas katiban pang uwit

Slasa, 20 Mei 2008

LONDON - Sawijining wong wadon umur 23 taun anama Emily Diamond, téwas sanalika ing London, Inggris nalika pang uwit nibani dhèwèké. Pang iki ceklèk sawisé ketabrak bus tingkat. Pang iki nyebabaké bus tingkat dhuwur lan ngisor pecah kacané lan péyok. Busé langsung mandeg lan supiré semaput. Para wong sing liwat mulané ora mudeng yèn ana wong wadon sing ketiban pang lan padha ngurusi wong ing jero bus.

Sumber[edit | edit source]