Wn/jv/Sawijining wong lanang Australia duwé hubungan sèksual karo anaké wadon

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Sawijining wong lanang Australia duwé hubungan sèksual karo anaké wadon

Senèn, 7 April 2008

Sawijining pasangan ing Australia sisih kidul wis ngaku yèn sajatiné iku bapa lan anak wadon sajroning wawancara ing Stasiun Nine Network nalika acara 60 Minutes.

John Deaves ketemu anaké Jenny, 30 taun sawisé pegatan karo ibuné. Jenny wis duwé anak loro saka sawijining relasi sadurungé lan nggawa loro-loroné ketemu bapané. "I wis duwé anak," jaré Jenny ing wawancara iku. "Lan aku krasa yèn bocah loro iku perlu ketemu karo mbahé. " John lan Jenny loro-loroné celathu yèn, senadyan ngerti yèn duwé hubungan darah, loro-loroné duwé rasa daya tarik fisik lan émosional. Banjur sajroning sawetara minggu loro-loroné wis dadi pasangan sing duwé hubungan asmara lan sèks.

Pasangan iki banjur dituntut mawa tindhak pidana insès ing Pangadilan Distrik South Australia ing ngendi loro-loroné ngaku salah lan dibébasaké sawisé mbayar tanggungan AS 500. Anaké sing saiki cacahé telu, loro anaké Jenny saka hubungan sadurungé lan siji saka bapaké dhéwé, dijupuk negara nanging wekasané dibalèkaké. Dokumèn-dokumèn pangadilan uga nuduhaké yèn sajatiné isih ana anak siji manèh sing dilairaké pitung taun sadurungé lan sing ngwetengi Jenny bapaké dhéwé. Nanging bocah iki ninggal ora suwé sawisé lair déning panyakit jantung.

Saiki wong loro iki ora olèh nglakoni hubungan sèks siji karo liyané lan bakal diawasi pamaréntah. Nanging wong loro iki olèh urip bebarengan.

Sumber[edit | edit source]