Wn/jv/Sawijining Menteri Israel ngancam Iran yèn nerusaké program nukliré

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Sawijining Menteri Israel ngancam Iran yèn nerusaké program nukliré

Jemuwah, 6 Juni 2008

Sawijining Menteri Israèl Shaul Mofaz, sing njabat minangka wakil perdana menteri, ngancam negarané bakal nyerang Iran yèn Iran nerusaké program nukliré. Mofaz uga menteri perhubungan Israel.

Sadurungé Révolusi Islam kalaksanan ing Iran, Israel tau nduwé hubungan diplomatik karo negara Islam Syiah iku. Shaul Mofaz dhéwé sajatiné asalé uga saka Iran. Dhèwèké pindhah menyang Israel ing taun 1957.

Sumber[edit | edit source]