Wn/jv/Rusia ngakoni kamardikan Ossetia Kidul lan Abkhazia

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Rusia ngakoni kamardikan Ossetia Kidul lan Abkhazia

Slasa, 26 Agustus 2008

Rusia ngakoni kamardikan Ossetia Kidul lan Abkhazia. Présidhèn Rusia, Dmitry Medvedev nelakaké pranyatan iki dina Slasa (26/8) ing televisi. Pranyatan iki langsung disambut kanthi suka gambira déning warga ing rong wilayah sing sakwéné iki mberont marang pamaréntah Georgia. Renteten tembakan diculaké warga ing dalan-dalan utama ing rong wilayah mau.

Ing ibukutha Abkhazia, Sukhumi warga lokal langsung ngiteri kutha migunaaké montor sambi ngulukaké gendéra Abkhazia, Ossetia Kidul, sarta Rusia. "Iki dadi dina paling gedhé ing sajarah negara lan rakyat kéné," ujaré pampinan Ossetia Kidul, Eduard Kokoity.

Dukungan Rusia marang kamardikan Ossetia Kidul lan Abkhazia iki langsung mijilaké kecaman saka negara-negara kulan, utamané Amérika Sarékat lan sekutuné. "Rusia ora wedi apa waé," teges Medvedev nyinggung kamungelan dukungan iki bakal dadi pamicu mijilé Perang Dingin sing anyar.

Sumber[edit | edit source]