Wn/jv/Ratu Elizabeth II nuwèni Turki

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Ratu Elizabeth II nuwèni Turki
Ratu Elizabeth ing taun 2007

Rebo, 14 Mei 2008

Ratu Elizabeth II minangka Ratu Britania Raya lan Irlandia Lor, rawuh ing Turki. Nalika rawuh ing Turki, Ratu Elizabeth II ngandika yèn "rasané seneng banget bisa bali ing Turki sawisé 36 taun kapungkur nalika mréné lan kagungan mémori sing éndhah-éndhah."

Banjur panjenengané ngandika, "ing kéné ing taun 1971, ingsun pirsa kemajuan astaméwa Mustafa Kemal Atatürk ing mimpin negara iki sing sugih ing tradisi kuna menyang negara sing modèrn, tinarbuka lan démokratis."

Banjur sang Ratu uga muji démokrasi ing Turki.

Sumber[edit | edit source]