Wn/jv/Puluhan jiwa téwas ing huru-hara anti wong asing ing Afrika Kidul

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Puluhan jiwa téwas ing huru-hara anti wong asing ing Afrika Kidul

Senèn, 19 Mei 2008

Ing Afrika Kidul, sakurang-kurang 24 jiwa wong asing téwas déning huru-hara. Para imigran asing akèh sing dikuya-kuya. Sek-jen ANC Gwede Mantashe celathu yèn pamaréntah mbok-menawa arep nganggo wadya-bala kanggo numpes para pambaléla iki.

Kurang luwih 13.000 jiwa wong asing wis padha ngungsi saka omahé lan ndelik ing kantor-kantor pulisi saha gréja-gréja. Pulisi dina Senèn iki wis nyekel atusan wong.

Huru-hara iki dilakoni wong-wong Afrika Kidul sing mlarat sing nudhuh para imigran iki padha nyolongi pagawéan lan owah. Ing Afrika Kidul sing pedunungé kurang luwih 50 yuta jiwa, 5 yuta antarané yaiku wong asing, utamané wong Zimbabwé sing padha ngungsi saka negarané sing amburadul. Ing Afrika Kidul ana 3 yuta wong Zimbabwé.

Sumber[edit | edit source]