Wn/jv/Produksi beras donya gawé rékor anyar

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Produksi beras donya gawé rékor anyar
Wong nandur pari

Senèn, 12 Mei 2008

Miturut FAO, produksi beras donya taun iki bakal gawé rékor anyar. Nanging rega-rega beras isih tetep duwur nganti ana panèn anyar. Taun iki produksi beras bakal dadi 666 yuta ton utawa munggah 2,3 %.

Ing sasi-sasi kapungkur rega beras munggah sacara drastis. Ing Asia, nanging uga Afrika, beras iku panganan sing wigati dhéwé. Ing sawetara negara wis ana huru-hara déning rega beras sing munggah iki.

Sumber[edit | edit source]