Wn/jv/Présidhèn Zambia, Levy Mwanawasa tilar donya ing yuswa 59 taun

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Présidhèn Zambia, Levy Mwanawasa tilar donya ing yuswa 59 taun

Slasa, 19 Agustus 2008

Présidhèn Zambia, Levy Mwanawasa tilar donya ing yuswa 59 taun ing sawijining griya sakit Paris sawisé nandhang stroke wulan Juni kepungkur nalika ngrawuhi patemon puncak Uni Afrika ing Sharm al-Sheikh, Mesir.

Kaanan Mwanawasa saya kritis ing dina Minggu lan Senèn wingi panjenengané nglakoni operasi darurat.

Levy Mwanawasa tilar donya nalika panjenengané disiapaké nyekel peran wigati ing kawasan minangka ketua Masarakat Pambangunan Afrika Kidul, SADC.

Sumber[edit | edit source]