Wn/jv/Piramida sing ilang kawiyak saka urugan pasir

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Piramida sing ilang kawiyak saka urugan pasir

Slasa, 10 Juni 2008


Mesir iku lautan piramida, nanging isih ana waé ditemokaké piramida anyar sing kakubur ing sangisoring urugan pasir sakwéné mataun-taun. Situs arkéologi sing pantes disebut minangka Piramida sing Ilang mau diprakirakaké minangka saréyané Menkauhor, raja dinasti kaping 5 sing kuwasa sakwéné wolung taun ing 2400 Sadurungé Masehi.

Piramida mau sabeneré ditemokaké sepisanan ing tengahing abad kaping 19 lan didhokumèntasikaké minangka Piramida Tanpa Sirah utawa Nomer 29. Nanging, piramida mau katutup urugan pasir ing Saqqara sing arupa komplèks pasaréyan raja-raja Mesir Kuna.

"Piramida mau dilalèkaké wong nganti aku sakanca wiwit nggolèki ing wilayah iki," pituturé Zahi Hawass, sekretaris jendral Déwan Arkéologi Mesir. Butuh wektu 1,5 taun kanggo ngedhuk pasir sing dhuwuré 7,6 mèter.

Para arkéolog yakin piramida mau asalé saka zaman Karajan Tuwa pèriode 2575-2150 SM. Senadyan dideleng saka wanguné, piramida mau asalé saka Karajan Tengah antarané taun 1975-1640 SM, struktur piramid kagawé saka watu granit abang sing arupa ciri piramida Karajan Tuwa. Ruang saréyané uga ngandhut pethi watu sing khas Karajan Tuwa. Saliyané iku, piramida mau cerak karo piramida Teti, raja sepisanan dinasti kaping 6.

Émané, ora ditemokaké saréyan raja ing njero piramida mau. Nanging, piramida ing kiwa-tengené nguwataké pendhapat yèn piramida sing gèk dikedhuk arupa paninggalan Menkauhor. "Ana sapérangan piramida raja sing ilang, lan iki salah sijiné," pituturé Hawass.

Sumber[edit | edit source]