Wn/jv/Pertempuran isih ana ing Tripoli, Lebanon

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Pertempuran isih ana ing Tripoli, Lebanon
Juru wicara Gedong Putih, AS, ngomongaké perkara konflik ing Lebanon

Minggu, 11 Mei 2008

Pertempuran isih kedadéan ing Tripoli, Libanon. Minimal 30 jiwa téwas. Kakerasan iki pituwas saka konflik antara Hizbullah lan para panyengkuyung pamaréntah Libanon sing sah. Ing Beirut, ibu kutha Libanon uga ana pertempuran, nanging saiki wis rada tenang.

Kurang luwih 7.000 jiwa wis diungsèkaké saka tlatah kekerasan, senadyan saiki wis ora patiya ramé manèh sawisé pamaréntah Libanon ngumumaké bakal narik bali rong kaputusan sing gawé nesu para panyengkuyung Hizbullah.

Miturut The New York Times, Hizbullah saiki nduwèni kontrol sabagéyan gedhé kutha Beirut. Sawijining stasiun TV sing nywngkuyung pamaréntah Libanon ora siaran manèh déning insidèn iki.

Menlu AS Condoleezza Rice awèh komentar perkara insidèn pungkasa iki. Dhèwèké celathu "kuwatir banget" déning kahanan pungkasan ing Libanon. Dhèwèké uga celathu yèn Hizbullah kudu "mandeg ngrusak légitimas otoritas pamaréntah Libanon."

Sumber[edit | edit source]