Wn/jv/Paus Benediktus XVI nampa tekané Bush

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Paus Benediktus XVI nampa tekané Bush

Setu, 14 Juni 2008

Paus Benediktus XVI maringi sambutan istiméwa marang Présidhèn AS George W. Bush sing mampir ing Vatikan ing lawatané dhateng Éropah, Jemuah (13/6). Paus ngajak Bush mlalu-mlaku ing taman Vatikan, papan Paus sembayang sacara pribadi.

Mung tamu istimèwa sing éntuk mlaku-mlaku ing taman iku. Biasané, tamu wigati Paus ditemoni ing ruang perpustakaan ing Istana Kapausan. Ing papan iku Bush sepisanan ketemu Paus Benediktus ing wulan Juni 2007.

”Sawijining kaurmatan,” ujaré Bush marang Paus.

Sadurungé mlaku-mlaku ing taman, Paus lan Bush nganakaké rembugan pribadi ing Menara Santo Yohanes sakwéné 30 menit. Sawisé patemon, kaloroné ngadeg ing téras sambi ndeleng taman éndah sing wiyaré 44 hèktar sing dikupengi bangunan lan tembok-tembok kuna.

Sambutan Paus katoné arupa piwales marang sambutan spektakuler sing diparingaké Bush nalika Paus Benediktus tindak dhateng AS ing wulan April. Paus ngriyayakaké tanggap warsa kaping 81 ing Gedung Putih sing didhatengi 9.000 wong. Pranyatan Vatikan nyebutaké, Paus lan Bush ndiskusèkaké kepriyé njaga pangaji moral fundamental, isu Timur Tengah, globalisasi, lan krisis pangan donya.

Juru wicara Gedung Putih Dana Perino nuturaké yèn kaloroné mbahas manéka isu, kayata hak asasi manungsa, HIV/AIDS ing Afrika, lan kamiskinan ing manéka wilahan donya.

Sawisé silih genti maringaké kenang-kenangan, Bush banjur ninggalaké Vatikan. Ing sangisoring pangawalan ketat, Bush nuju bandhara lan mabur nuju Paris, Prancis, kanggo wicara ing sangareping forum Organisasi Kerja Sama lan Pembangunan Ekonomi (OECD).

Sumber[edit | edit source]