Wn/jv/Panandhang HIV/AIDS ing Bali mlebu peringkat 5 Nasional

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv

Slasa, 3 Juni 2008

Koordinator Program Komisi Pananggulangan AIDS Dhaérah (KPAD) Bali Elyas Pallewoi ing Denpasar, Slasa (3/6) nélakaké yèn cacahing panandhang HIV/AIDS ing Bali mlebu peringkat 5 nasional amarga sacara kumulatif tekan Maret 2008 ana 1.986 kasus, ningkat 345 panandhang tinimbang periode sing padha taun sadurungé sing kacathet 1.641 wong. Déné peringkat 1 panandhang paling akèh ilangé kakebalan awak iku Jakarta, ing angka 2 Papua, banjur Kapuloan Riau, lan Jawa Wétan ing angka 4.

Tambahing panandang HIV/AIDS iku amarga seks bébas tanpa kondom lan pakulinan nggunakaké dom suntik bebarengan antarané para panganggo narkoba.

Sumber[edit | edit source]