Wn/jv/Pakar géologi JA Katili tilar donya

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Pakar géologi JA Katili tilar donya

Jemuah, 20 Juni 2008

Ahli géologi misuwur lan mantan Wakil Ketua MPR, Prof Dr John Ario Katili (79) tilar donya dina Kemis (19/6) watara jam 17.30 ing Griya Sakit Pondok Indah (RSPI) Jakarta. Jenazah disemayamaké ing rumah duka perumahan Bintaro Sektor III, Jalan Pinguin V CH 6 Jakarta Kidul. Miturut rencana, jenazah bakal disarèkaké dina Jemuah (20/6) awan iki. ”Papan pasaréyan isih dimusawarahaké karo kulawarga,” pituturé Werner Katili, anak angka loro JA Katili.

Miturut Werner, almarhum digawa menyang RSPI dina Rebo (18/6) sore watara jam 18.00 lan sempat dirawat ing ruang ICU dina Kemis awan watara jam 14.00 amarga pembuluh getih ing bagéyan sikilé pecah. Nanging jiwa almarhum ora bisa dislametaké.

Katili sing miyos ing Gorontalo, 9 Juni 1929, doktor sepisanan ing bidang geologi, wis nggawé watara 11 buku lan 250 karya tulis. Mula kapakarané banget diurmati ing donya internasional. Katili tau dadi Ketua South East Asia of Geological Socientis lan anggota The National Geographyc Society.

Sumber[edit | edit source]