Wn/jv/PM Jepang Yasuo Fukuda mundur

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > PM Jepang Yasuo Fukuda mundur

Senèn, 1 September 2008

Perdana mentri Jepang Yasuo Fukuda wis ngumumaké pangunduran awaké Senèn (1/9/2008). Perdana mentri sing ora populèr iku netepaké mundur minangka upaya kanggo ngendhegaké kabuntuan pulitik ing Jepang.

Sakjané, wektu pamaréntahan Fukuda lagi rampung wulan September 2009. Kanyatan iki njalari suhu pulitik ing Jepang saya panas.

Munduré Fukuda ora sacara otomatis banjur bakal ana pamilihan. Partai Liberal Demokrasi (LDP), partai sing naungi Fukuda, kudu milih pamimpin anyar lan antuk kapercayan parlemèn yèn péngin dadi bagéyan saka pamaréntahan Jepang.

Sumber[edit | edit source]