Wn/jv/Orangutan punah telung taun manèh yèn kurang direksa

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Orangutan punah telung taun manèh yèn kurang direksa

Kemis, 12 Juni 2008


LSM sing sregep kampanye pangreksan kéwan orangutan COP (Center for Orangutan Protection), ndhesek Pamaréntah supaya ngreksa kabèh orangutan ing Kalimantan Tengah. Yèn ora direksa , mamalia iku bakal punah ing wektu telung taun.

"Sakwéné iki, Départemèn Kahutanan mung bisa nindakaké évakuasi, orangutan dipindhahaké menyang alas liya utawa dikirim menyang Pusat Rehabilitasi. Orangutan sing dikirim menyang Pusat Rehabilitasi umumé tatu-tatu abot utawa isih bayi amarga mbokné wis mati dipatèni," celathuné Hardi Baktiantoro, Direktur Eksekutif COP ing Jakarta, dina Kemis.

Saiki, kabèh Pusat Rehabilitasi ing Kalimantan wis kebak. Pusat Rehabilitasi Orangutan Nyarumenteng ing Kalimantan Tengah mung bisa nampa bayi orangutan, ora kanggo orangutan diwasa amarga wis ora ana papan manèh.

Adhedhasar survei Peluang Populasi lan Habitat taun 2004, cacahé orangutan ing Kalimantan Tengah iku 31.300 individu.

Kanthi laju kapunahan sangang persen per taun utawa watara 2.817 individu, mila cacahé orangutan saiki diprakirakaké sisa 20.032 individu.

Pamantauan COP sakwéné taun 2007-2008, ing saindhenging habitat orangutan ing Kalimantan Tengah, ana 8.613 individu sing ana ing kondisi kaancam amarga ana ing sanjabaning kawasan konservasi.

Habitat orangutan bisa ilang sawektu-wektu amarga ekspansi perkebunan klapa sawit sing masif.

Sumber[edit | edit source]