Wn/jv/Minimal 728 jiwa bisa dislametaké saka kapal féri jurusan Sampit sing kobong

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Minimal 728 jiwa bisa dislametaké saka kapal féri jurusan Sampit sing kobong

Minggu, 18 Mei 2008

Sakurang-kurangé 706 panumpang lan 22 awak kapal féri bisa dislametaké saka dèk kapal féri sing kobong. Miturut ABC News sing ngutip Kapolres Sampit Jihartono sing celathu marang Radio ElShinta, minimal 712 panumpang lan 57 awak kapal bisa dislametaké.

Kapal iki alayar saka Surabaya menyang Sampit, sing papané rada ing jero ing Kali Mentaya ing Kalimantan. Féri iki wis tekan kali iki lan cedhak kutha Samuda nalika kobong.

Sawetara kapal sing nalika iku cedhak bisa mèlu nulungi para panumpang, samono uga wong-wong sing manggon ing pinggir kali. Diprakirakaké yèn kabèh panumpang sarta awak kapal bisa slamet, mawa papat sing diopname ing griya sakit. Liya-liyané saiki padha mondhok ing téndha-téndha ing pinggir kali. Nanging ora bisa pasti amerga biasané kapal féri ngangkut luwih akèh panumpang saka sing dicathet. Sabagéyan gedhé panumpang nyambut gawé ing pakebonan klapa sawit.

Syahbandar sing jenengé Abdul Kadir celathu marang pers yèn kapal iki ora duwé piranti pamadhem kobongan sing pepak, mula sing diusahakaké yaiku kaslametan para panumpang dhisik. Para pajabat perhubungan lan pulisi wis tekan lokasi kadadéan iki. Dibutuhaké wektu limang jam kanggo matèni geni lan sawijining invèstigasi sing nliti kadadéan iki bakal dianakaké.

Sumber[edit | edit source]