Wn/jv/Mandela tanggap warsa kaping 90

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Mandela tanggap warsa kaping 90

Jemuah, 18 Juli 2008

Mantan présidhèn Afrika Kidul, Nelson Mandela dina iki ngriyayakaké tanggap warsa kaping 90.

Nalika wicara marang para wartawan ing dalemé ing kawasan padésan ing Afrika Kidul dina Jemuah iki, Mandela nelakaké, ing désa uga kutha, "kamiskinan wis nyengkrem rakyat." Pamenang bebungah Nobel Perdamaian iki nelakaké yèn wong-wong sugih kuduné mbiyantu wong-wong sing ora bisa ngatasi kamiskinan utawa wong-wong sing nasibé kurang beja.

Riyaya tanggap warsa iki bakal dileksanakaké dina Setu sesuk.

Sumber[edit | edit source]