Wn/jv/Luwih saka 100 jiwa téwas sawisé ana pipa lenga bumi njeblug ing Nigeria

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Luwih saka 100 jiwa téwas sawisé ana pipa lenga bumi njeblug ing Nigeria

Jemuwah, 16 Mei 2008

Rénovasi dalan nyebabaké sawijining pipa lenga bumi bocor lan njeblug ing Ijegun, sawijining kutha cilik sajabaning Lagos, ibukutha Nigéria. Senadyan pamaréntah Nigéria celathu yèn korban jiwané saiki 10 jiwa, Palang Abang Nigéria nyatakaké yèn korbané cacahé minimal 100 jiwa.

Pipa lenga bumi iki retak nalika sawijining wahana pambangunan sacara ora sengaja kena iku lan sawisé iku njeblug ngasilaké bola geni, mawa bbm mili ing dalan. Minimal omah 12 dadi kobong, lan para murid mlayu metu saka sawijining sekolah ing cedhak kono sing uga diancam. Miturut para saksi mata, ana uga para murid antarané para korban jiwa.

Para patugas pamadhem kobongan wis matèni geniné lan uga wis ana usaha nglumpukaké wong-wong sing dadi kocar-kacir sawisé kacilakan iki.

Kacilakan kaya mangkéné kerep kedadéan ing Nigéria, nanging biasané gawéyan para durjana sing kepéngin nyolong bbm iki utawa para téroris kamangkan kadadéan dina iki bener-bener kacilakan waé katoné.

Sumber[edit | edit source]

Pranala jaba[edit | edit source]

Wikipedia ndarbèni sawijining artikel perkara: