Wn/jv/Limbah uranium wutah

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Limbah uranium wutah

Kemis, 10 Juli 2008

Sawijining kacilakan ing salah siji pusat tenaga nuklir Prancis njalari limbang kanthi kandhutan uranium wutah dina Slasa (wingi, WIB). Watara 30 meter kubik limbah sing isiné 12 gram uranium saben liter wutah ing Pusat Tenaga Nuklir Tricastin ing Bollene, Prancis bagéyan kidul.

Pusat tenaga nuklir iku ngliputi sapérangan fasilitas nuklir sing dikelola perusahaan nuklir raksasa Areva. "Kedadèyan iki sing sepisanan dumadi," ujaré Gilles Salgas, sawijining petugas komunikasi Socatri, salah siji afiliasi Areva.

Insidhèn iku dumadi nalika sawijining tangki lagi diresiki. "Kandhutan uranium ing permukaan banyu (sing ora dimaksudaké kanggo konsumsi manungsa) iku adoh luwih dhuwur tinimbang titik normal. Nanging, wis susut adoh amarga wis ditindakaké pangèncèran saben dina, ujaré sawijining pranyatan.

Kepala Komisi Panlitèn lan Informasi Indhepèndhen ngenani Radioaktif Corinne Castanier nelakaké, "Risiko kasehatan ora gedhé banget, nanging kedadèyan iki nedahaké kalemahan-kalemahan ing tata cara penanganan limbah."

Sumber[edit | edit source]