Wn/jv/Kuba bakal nerbitaké prangko Soekarno lan Fidel Castro

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Kuba bakal nerbitaké prangko Soekarno lan Fidel Castro

Senèn, 2 Juni 2008

Anggota Komisi I DPR RI saka Fraksi PDI Perjuwangan, Andreas H Pareira, ing Jakarta, nélakaké yèn Pamaréntah Kuba nerbitaké prangko kanthi gambar Bung Karno lan Fidel Castro. Panerbitan prangko kanthi gambar loro pamimpin misuwur iku sacara resmi bakal dileksanakaké tanggal 19 Juni.

Panerbitan prangko sing nduwèni pangaji historis lan patriotik iku bebarengan karo riyaya tanggap warsaning Fidel Castro ingkang kaping 80. Saliyané iku uga bebarengan karo panerbitan samak pèngetan "Kunjungan Présidhèn RI Soekarno ing Kuba" vèrsi Indonésia sing wis kaleksanan tanggal 14 Mei 2008 déning PT Pos Indonésia.

Kasepakatan panerbitan prangko iku bakal ditapakasmani déning Mentri Luar Negri Kuba Perez Roque kaliyan Mentri Komunikasi lan Informatika. Pariwara resmi wis diwetokaké Kantor Kedutaan Besar Républik Indonésia (KBRI) ing Havana, Kuba.

Sumber[edit | edit source]