Wn/jv/Kroasia ngalahaké tuwan omah Austria 1 - 0 ing Euro 2008

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Kroasia ngalahaké tuwan omah Austria 1 - 0 ing Euro 2008

Minggu, 8 Juni 2008

Tuwan omah, Ustenrik (Austria) miwiti Euro 2008 mawa kalah. Ing Wina Kroasia bisa ngalahaké Austria 1 - 0 déning golé Modric sing dikasilaké déning pénalti.

Wis ing menit kaping-3, Olic ditendhang lan tiba ing aréa pénalti déning Aufhauser. Banjur wasit Vink sacara tegas nudhingi titik pénalti. Modric banjur bisa nendhang bal mlebu.

Nanging sawisé iku, Austria ora bisa ngapa-ngapa. Senajan mengkono, Kroasia ora bisa nanggulangi. Austria mèh waé bisa ngengol lan skor dadi 1 - 1 déning sundhulan Standfest. Nanging sundhulané gagal mlebu.

Sabanjuré réhat wis ora ana manèh pagelaran permainan sing apik sing ditudhuhaké Kroasia ing paro pisan lan Austria usaha banget supaya skoré padha nanging ora kasil.

Malahan Vastic sing wis tuwa (mawa umuré 38 pamain paling tuwa Euro 2008) dikon main lan mèh waé ngegol mawa sundhulan sirahé nanging bisa ditangkep kiper Kroasia Pletikossa.

Nanging sawisé iku Austria kéok ora bisa apa-apa. Namung sundhulan Koenast waé sing luput mlebu.