Wn/jv/Jerman ngalahaké Polandia 2 - 0 ing Euro 2008

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Jerman ngalahaké Polandia 2 - 0 ing Euro 2008

Minggu, 8 Juni 2008

KLAGENFURT - Jerman miwiti Euro 2008 mawa kamenangan 2 - 0 sadhuwuring Polen (Polandia), sing mainé ora patiya apik. Jerman sing sawijining favorit Euro 2008 olèhé main langsung nyerang. Sawisé Mario Gomez ora bisa nglebokaké bal, sawisé 20 menit Lukas Podolski sing lairé uga ing Polen bisa nyithak gol (senadyan mèh off side).

Tim Polen lagi mbebayani sawisé réhat. Nanging Maciej Zurawski gagal olèhé nendhang bal. Banjur ora suwé manèh, Gomez uga gagal ngegol.

Wekasané Podolski ngegol manèh lan skoré dadi 2 - 0. Sawisé iku kamenangan kapisan tim Jerman sawisé final ing 1996 dadi pasti. Podolski sawisé ngegol ora kebangeten lé ngrayakaké kanggo ngurmati Polen, tanah kalairané.