Wn/jv/Israèl bakal ngeculaké 71 tawanan pulitik ijolan karo Gilad Schalit

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Israèl bakal ngeculaké 71 tawanan pulitik ijolan karo Gilad Schalit

Minggu, 18 Mei 2008

Miturut salah sijining pejabat dhuwur Hamas sing nyatakaké marang koran Arab ing London Al-Hayat, Israèl sarujuk ngeculaké 71 tawan pulitik Palèstina sing diijolaké karo tentara Israèl Gilad Schalit. Gilad Shalit diculik ing Kerem Shalom cedhak Gaza taun 2006.

Hamas nyatakaké yèn sajatiné kelompok iki tetep nuntut supaya 270 tawanan pulitik Palèstina diculaké nanging Israèl ora sarujuk ngeculaké 'wong-wong sing duwé getih ing tangané'.


Sumber[edit | edit source]