Wn/jv/Gempa 7,2 skala richter ngguncang Jepang Lor

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Gempa 7,2 skala richter ngguncang Jepang Lor

Minggu, 15 Juni 2008

Gempa kanthi kekuwatan 7,2 skala Richter ngguncang dhaérah pagunungan lan pasawahan ing Jepang bagéyan lor. Gempa iku njalari saorané enem uwong tiwas kurugan lemah longsor, nggoyang gedhung-gedhung uga fasilitas nuklir.

Gempa iku dumadi dina Setu (14/6) jam 08.43 lan pusaté ing lor Perfektur Iwate kanthi jero watara 8 kilometer. Getaran gempa krasa tekan Tokyo.

Gempa utama iku dikanthèni watara 167 gempa susulan sing marakaké sapérangan dalan rusak, kalebu ing antarané dalan tol sing salah siji ruasé pedhot saéngga mbentuk jurang. Aliran listrik nuju 29.000 omah pedhot, nanging ing dina Setu bengi sebagéyan gedhé fasilitas listrik wis bisa didandani. Kutha paling cerak, Sendai, ora ngalami karusakan apa- apa.

Perdana Menteri Jepang Yasuo Fukuda nelakaké yèn pamaréntah wis nggerakaké tentara lan polisi sarta saben uwong sing bisa mbiyantu nemokaké korban kajebak lan tatu. Panjenengané mréntahaké regu panulung terus makarya tekan bengi.

Sumber[edit | edit source]