Wn/jv/Gembong al-Qaida tiwas

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Gembong al-Qaida tiwas

Senèn, 4 Agustus 2008

Jaringan téroris al-Qaida mesthèkaké patiné salah siji komandan pinunjulé, Abu Khabab al-Masri. Abu Khabab al-Masri dikenal perané minangka panglatih sapérangan pelaku bom nglalu sing nglakoni misi ing kapal angkatan laut AS USS Cole wolung taun kepungkur saéngga niwasaké 17 personil angkatan laut AS.

Pamarèntah Pakistan yakin al-Masri iku salah siji saka 6 wong sing tiwas ing serangan udhara tanggal 28 Juli ing sawijining komplèk ing South Waziristan, saceraking wewatesan Afganistan.

Liwat pranyatan sing disebar ing internet, al-Qaida nerangaké al-Masri lan 3 tokoh pinunjul liyané tiwas. Tanpa nyebutaké sacara rinci papan lan wektuné, Al-Qaida mengetaké bakal nggencaraké serangan kanggo males patiné sapérangan tokok pentingé iku.

Sumber[edit | edit source]