Wn/jv/Gedhong Berliner Philharmonie ing kutha Berlin kobong

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Gedhong Berliner Philharmonie ing kutha Berlin kobong
Lawang mlebu Berliner Philharmonie. Foto déning Eisenacher

Rebo, 21 Mei 2008

Sakurang-kurangé 170 unit pamadhem kobongan ing Berlin, Jerman perang nglawan geni ing gedhong Berliner Philharmonie, papané orkès Filharmonik Berlin.

Geniné wiwit ing jam 14.00 dina Slasa, nalika orkès ini lagi latihan. Begjané kabèh anggota orkès lan para panonton bisa metu saka gedhong tanpa ana sing tatu. Uga akèh instrumèn sing bisa dislametaké sadurungé geniné ndadra.

Para pamadhem kobongan kudu ngilangi sabagéyan gedhé atep métal supaya bisa mrangi geni lan mbutuhaké wektu limang jam sadurungé geni bisa dikontrol.

Gedhong iki didésain déning Hans Scharoun, lan dibangun ing taun 1963 kanggo ngganti gedhong konsèr sadurungé sing rusak ing taun 1944 nalika Perang Donya II. Kabèh konsèr sing direncanakaké arep dianakaké ing gedhong iki dibatalaké dhisik.

Sumber[edit | edit source]