Wn/jv/Gamelan kuna paninggalan Pakoe Boewana X ilang

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Gamelan kuna paninggalan Pakoe Boewana X ilang

Rebo, 18 Juni 2008

Gamelan paninggalan Pakoe Boewono X sing disilih Wayang Uwong Sriwedari diweruhi ilang. Saliyané gamelan sing ana ing Gedhung Wayang Uwong (WO) Sriwedari, prangkat gamelan, paralatan band, lan wayang kulit sing disimpen ing Gudhang Joglo Sriwedari uga ilang.

Ilangé barang-barang kuna sing diklola Dinas Pariwisata Seni lan Budaya (Diparsenibud) Pamaréntah Kutha Solo konangan sawisé ana inspèksi ndadak (sidak) Komisi IV DPRD Kotha Solo, Jawa Tengah, Slasa (17/6). Sidak ditindakaké Ketua Komisi IV DPRD Kutha Solo Satriyo Hadinagoro lan sapérangan anggota komisi sawisé ana lapuran masarakat dhateng DPRD Kutha Solo.

Prangkat gamelan sing ilang saka Gedhung WO Sriwedari yaiku patang wilah peking utawa saron panerus. Kanthi mangkono, saron panerus, sing kapérang saka pitung wilah, mung kari telung wilah. Pimpinan WO Sriwedari Diwasa Diranagara nelakaké, ilangé prangkat gamelan iku wis dilapuraké pérangan taun kepungkur dhateng Diparsenibud Pemkot Solo, nanging ora ana tanggepan. ”Anèhé sing dijupuk mung patang wilah. Yèn niyat adol, kuduné dijupuk saksèt,” ujaré Diwasa.

Sing ilang saka Gudhang Joglo Sriwedari, antara liya, yaiku gamelan carabalen pamaringané PB X sing biyasa dingo ing acara bengi selikuran lan saprangkat alat band. Prangkat gamelan jinis demung, saron, saron penerus, lan bonang uga ora lengkap manèh amarga sapérangan wilah ilang. Salyané iku, saka sak sèt wayang kulit sing kapérang saka 200 iji, saiki mung kari 36 iji.

Satriyo keduwung Diparsenibud sing ora nggatèkaké kahanan barang-barang kuna iku.

Sebagéyan disilih[edit | edit source]

Ngenani gamelan carabalen, Satriyo antuk informasi gamelan iku disilih Pura Mangkunegaran. ”Kula sampun telpon Pak Trenggono, pangageng pariwisata Mangkunegaran. Pranyata gamelan iku wonten ing mrika. Kita nyuwun Diparsenibud énggal mundhut lan mapanaken gamelan punika ing Museum Radya Pustaka,” ujaré.

Kepala Diparsenibud Pemkot Solo Handartono nelakaké, barang-barang kasebut ora ilang, nanging disilih. Pihaké énggal njupuk saka wong sing nyilih.

Sumber[edit | edit source]