Wn/jv/Gambar Sepisanan Saka Mars

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Gambar Sepisanan Saka Mars

Senèn, 26 Mei 2008

Phoenix sing diluncuraké tanggal 4 Agustus 2007 kanthi migunaaké rokèt Delta II saka Tanjung Canaveral, Florida wis ndharat ing wilayah lor Mars watara jam 23.53 GMT Minggu 25 Mei utawa jam 06.00 WIB. Para èlmuwan lan insinyur ing Laboratorium Propulsi Jet, JPL, California, padha keplok lan surak gambira nalika signal pandharatan teka.

Montor mabur angkasa njaba Nasa iku wis nempuh let antarané Bumi karo Mars sing adohé 680.000.000 km. Bagéyan paling angèl yaiku 7 menit nalika arep ndharat ing Mars saka total 10 sasi perjalanan Phoenix.

Phoenix wis ngirimaké gambar sepisanan sing nduwèni pangaji sajarah saka wilayah Mars sing durung dieksplorasi yaiku gambar ‘daratan Artik’ papan pandharatan Phoenix sing durung tau diweruhi sadurungé.

Phoenix bakal miwiti misi èlmu pengetauan watara 3 sasi. Dr. Tom Pike, saka Imperial College, London, sing mèlu ing misi iki nelakaké yèn tujuan utamané yaiku kanggo ndeleng apa sing ana ing sangisoré permukaan Mars.


Sumber[edit | edit source]