Wn/jv/Februari 2008

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Februari 2008

29 Februari 2008 – Penulis Amérika Sarékat asal Belgia, Misha Defonseca, ngakèni menawi buku karanganipun perkawis pengalamanipun minangka korban Perang Donya II: Misha: A Memoire of the Holocaust Years namung damel-damelan kémawon utawi fiksi. (AP)

27 - Ing pungkasaning taun 2008, PBB nginten menawi sepalih utawi 50% pedunung donya bakal manggèn wonten kitha-kitha. (Reuters)

23 - Muhammad Ismail, manten Gubernur Provinsi Jawa Tengah mangsa bekti 1983-1993, séda ing Semarang.

Template:Wn/jv/Gambarberita 19 - Fidel Castro mundur dhiri saking jabatanipun minangka Presiden Kuba, lan dipun-gantos déning rayinipun, Raul Castro. (Reuters)

17 - Parlemen Kosovo proklamasi kamardikan negara puniki saking Serbia. Proklamasi puniki dipun-sekuyung Amérika Sarékat saha sawetara negari Uni Eropah. Nanging Rusia mboten sarujuk lan mbokmenawi badhé mbales mawi ngakèni kamardikan Abkhazia saha Ossetia Kidul

Template:Wn/jv/Clear Template:Wn/jv/Gambarberita 11 - Présidèn Timor Wétan (basa Portugis Timor Leste); Ramos Horta dipun-témbak, nanging taksih gesang.

7 - Warsa Enggal Imlèk 2559. Sugeng Warsa Enggal! 恭喜發財 Gōngxǐ fācái. Mugi-mugi kathah rejeki!

6 - Dinten Riyadi Rebu Awu kanggé umat Kristen.

3 - Musyawarah Kerja Nasional PKS (Partai Keadilan Sejahtera), satunggaling partai pulitik Islam Indonesia, ingkang dipunwontenaken ing Bali nalika ngriyayakaken Kuningan, wiwit tanggal 1 Februari, sapunika rampung. (PKS)

2 - Dinten Riyadi Kuningan kanggé umat Hindu Indonesia ing warsa 1929 Saka.

1 - Jakarta sacelakipun Ratan Gatot Soebroto lan Grogol macet total, amargi ratan ngajengipun Universitas Trisakti ing Grogol kabanjiran. Bandar Udara Internasional Soekarno-Hatta ing Cengkareng ugi lèmpoh, atusan maskapai dados kasèp.(Detik.com)