Wn/jv/Cendhekiawan Deliar Noer tilar donya

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Cendhekiawan Deliar Noer tilar donya

Kemis, 19 Juni 2008

Cendhekiawan misuwur, pakar èlmu pulitik, lan sajarawan Islam, Prof Dr Deliar Noer MA (82), tilar donya dina Rebu (18/6) watara jam 10.30 ing Griya Sakit Cipto Mangunkusumo, Jakarta. Almarhum dirawat ing griya sakit sakwéné sedina, sawisé Slasa awan watara jam 11.00 panyakit jantungé umat.

Rencanané, jenazah almarhum Deliar Noer bakal disarèkaké ing TPU Karet dina Kemis (19/6) warata jam 09.00 WIB, Jenazah mangkat saka rumah duka Dalan Swadaya Raya 7-9 Kalurahan Duren Sawit, Jakarta Wétan.

Miturut Taufiq Ismail, Indonésia kèlangan cendhekiawan misuwur, sing wani omong terus terang lan apa anané. ”Almarhum Deliar Noer iku sawijining wong sing seneng banget maca, wiyar pengetauané, sarta prodhuktif nulis. Panjenengané panyeneng lan pamaca karya sastra, nanging durung tau nulis sastra. Kita kèlangan sawijining cendhekiawan misuwur,” ujaré.

Sumber[edit | edit source]