Wn/jv/Bursa Wall Street AS anjlok amarga lunjakan rega lenga

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Bursa Wall Street AS anjlok amarga lunjakan rega lenga

Setu, 21 Juni 2008

Mayoritas indèks pasar saham AS anjlok ing dina Jemuwah (20/6) tekan posisi paling asor ing telung wulan wuri.

Kahanan iku marakaké anané udhunan rega saham emiten konsumer lan tèknologi, amarga rega lenga sing nglunjak lan para analis nelakaké panjalukan barang èlèktronik bakal saya lemah.

Indèks saham blue-chip DJIA (Dow Jones Industrial Average) mudhun 220,40 poin utawa 1,83% dadi 11.842,69. Banjur indèks Standard & Poor's 500 mudhun banget 24,90 poin utawa 1,85% dadi 1.317,93, lan indèks saham tèknologi abot Nasdaq anjlok 55,97 poin utawa 2,27% dadi 2.406,09.

Sumber[edit | edit source]