Wn/jv/Bom kembar ing Irak, 35 tiwas

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Bom kembar ing Irak, 35 tiwas

Slasa, 15 Juli 2008

Paling sithik 35 uwong tiwas ing rong serangan bom bunuh dhiri kembar ing pusat pendaftaran tentara ing saloré ibukutha Irak, Baghdad.

Loro panyerang mèlu mbaur ing krumunan calon tentara ing sawijining pangkalan militèr ing kutha Baquba, lan sabanjuré ngledhakaké dhiri sacara bebarengan, ujaré pulisi.

Baquba, 60km sisih lor Baghdad, iku ibukutha Provinsi Diyala, salah siji wilayah paling mbebayani ing Irak.

Tindakan kakerasan ing Irak tekan tingkat paling asor wiwit taun 2004 saiki, nanging serangan isih asring dumadi ing saindhenging negara Timur Tengah iki.

Sumber[edit | edit source]