Wn/jv/Bocah lanang dipatèni iwak hiyu ing Australia

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Bocah lanang dipatèni iwak hiyu ing Australia

Slasa, 8 April 2008

Sawijining bocah lanang umur 16 taun diserang iwak hiyu nganti téwas ing Australia. Bocah iki sadurungé nglangi ing segara karo kancané. Nalika bocah iki diserang hiyu dhèwèké njerit lan mbengok nanging kancané ngira yèn namung gojèg waé. Sawisé weruh sikilé sing dicokot hiyu, tibaké ora ngapusi.

Serangan iki sing dumadi ing New South Wales yaiku serangan kapisan ing wektu 2 taun.

Sumber[edit | edit source]