Wn/jv/Black Eyed Peas ngumpulaké dana US$870.000 kanggo korban gempa Tiongkok

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Black Eyed Peas ngumpulaké dana US$870.000 kanggo korban gempa Tiongkok

Kemis, 5 Juni 2008

Konsèr Black Eyed Peas ing Shanghai sing dianakaké kanggo kagiyatan promosi malèh dadi ajang panggalangan dana kanggo bantuwan kamanungsan pasca-gempa tanggal 12 Mei ing provinsi Sinchuan, Tiongkok.

Ing dina Rebo (4/6), panitia panylenggara kagiyatan nelakaké yèn Black Eyed Peas kasil nggalang dana mèh US$ 870.000 (kira-kira Rp. 850.000.000) kanggo para korban gempa ing Tiongkok sajroning konsèr amalè ing Shanghai.

Para anggota band uga nyumbang barang pribadiné ing antarané sawijining gitar, ing lelang amal sing digelar magepokan karo konsèr ora resmi ing dina Slasa, ujaré produsèn minuman keras Prancis, Pernod Ricard, sing nyelenggarakaké kegiyatan kasebut.

Sumber[edit | edit source]