Wn/jv/Bangsa Ainu wekasané diakoni minangka suku pribumi déning parlemèn Jepang

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Bangsa Ainu wekasané diakoni minangka suku pribumi déning parlemèn Jepang

Jemuwah, 6 Juni 2008

Bangsa Ainu wekasané diakoni minangka suku pribumi déning parlemen Jepang (basa Jepang 国会 Kokkai) kanggo wektu kapisan. Bangsa Ainu iki uripé utamané ing pulo Hokkaido lan Sakhalin. Pulo Sakhalin dikuwasani Rusia saiki nanging mbiyèn uga tau diwengku Jepang. Wong Ainu sing wiwit mbiyèn rada didiskriminasi bangsa Jepang, cacahé saiki kari 50.000 jiwa lan miturut prakiran ana 150.000 jiwa pedunung Jepang sing isih katurunan Ainu. Nanging èstimasi liya nganggep yèn cacahé wong Jepang katurunan Ainu bisa 1.000.000 jiwa.

Sumber[edit | edit source]