Wn/jv/BBC nemokaké kakurangan Facebook

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > BBC nemokaké kakurangan Facebook

Minggu, 6 Juli 2008

BBC nemokaké yèn rincèn informasi pribadi para panganggo situs internet jejaring sosial Facebook mungel bisa dicolong déning hacker sing nduwèni niyat ala. Situs sing lagi populèr iki mungelaké para panganggo nambahaké manéka program aplikasi ing profilé.

Program jahat sing disamaraké minangka program aplikasi sing ora mbebayani, mungel bisa nglumpukaké data pribadi.

Aplikasi jahat mau dilakokaké ing server pihak katelu, dudu déning Facebook, dadi angèl kanggo perusahaan ngecèk apa sing dumadi, apa program iku wis malih, lan pira suwéné aplikasi iku nyimpen data lan data iku dipipigunakaké kanggo apa.

MySpace saingan Facebook, nangani aplikasi kanthi cara sing béda. Ing kéné, kabèh aplikasi dioperasikaké ing server MySpace dhéwé, saéngga pangelola situs iku bisa ndeleng gerak-gerik aplikasi.

Katon cetha yèn security setting Facebook ora madhani kanggo ngreksa rincèn informasi pribadi panganggo, lan kanca-kancané panganggo.

Sumber[edit | edit source]