Wn/jv/Ana 34 partai pulitik ing pemilu 2009

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Ana 34 partai pulitik ing pemilu 2009

Slasa, 8 Juli 2008

Komisi Pamilihan Umum netepaké 34 partai pulitik nasional lan 6 partai pulitik lokal ing Nanggroe Aceh Darussalam minangka pasarta Pemilu 2009. 34 parpol kapérang saka 16 parpol lawas sing nduwèni kursi ing Déwan Perwakilan Rakyat lan 18 parpol anyar sing lolos ing vèrifikasi faktual.

Kaputusan iku diwacaké déning Ketua Umum KPU A Hafiz Anshary sing diampingi enem Anggota KPU liyané ing Kantor KPU, Jakarta, Senèn (7/7) bengi. Mèlu rawuh nalika kaputusan kasebut diwacakaké Sekretaris Jendral KPU Suripto Bambang Setyadi lan Anggota Badan Pangawas Pemilu Wahidah Suaib.

Sumber[edit | edit source]