Wn/jv/Aliansi pulitik Silvio Berlusconi menangaké pemilu ing Italia

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Aliansi pulitik Silvio Berlusconi menangaké pemilu ing Italia

14 April 2008

Pamilihan parlemèn ing Italia dimenangaké déning koalisi tengah-tengen sing dipimpin déning Silvio Berlusconi. Koalisi iki olèh antara 45 lan 48 persèn swara, kamangka koalisi tengah-kiwa Walter Veltroni olèh antara 38 lan 39 persèn swara. Kamenangan Berlusconi iki antara liya disebabaké déning kauntunga Lega Nord, sing olèh 9 persèn swara.

Partai-partai komunis kanggo kapisan wiwit Perang Donya II dadi ilang saka parlemèn. Fausto Bertinotti saka Partai Pangadegan Ulang Komunis, wingi nyatakaké ngudhuraké dhiri.

Sumber[edit | edit source]