Wn/jv/Adobe System ngluncuraké 'Adobe Acrobat 9'

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Adobe System ngluncuraké 'Adobe Acrobat 9'

Rebo, 2 Juli 2008

Perusahaan panggawé software Amérika Sarékat, Adobe System Incorporated (Nasdaq) ngetokaké prodhuk anyar "Adobe Acrobat 9" kanggo ndhukung perusahaan utawa individu nindakaké komunikasi lan kolaborasi kanthi wektu luwih cepet.

Béda karo vèrsi-vèrsi sadurungé, Acrobat 9 ndhukung penuh tèknologi Adobe Flash. Panganggo bisa nggabungaké Adobe Flash Player, file video, lan aplikasi sing selaras ing dhokumen PDF. Éwadéné panampa mung perlu software Adobe Reader 9 gratis kanggo mbukak konten kasebut.

Bussines Development Manajer Adobe kanggo kawasan Asia Kidul-wétan Michelle Mak nitèni yèn Indonésia iku pasar sing potènsial kanggo pamasaran Acrobat 9. “Pasar Indonésia ngrembaka paling cepet tinimbang negara Asia liyané.”

Sumber[edit | edit source]