Wn/jv/AS nggentèni perusahaan kredit

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > AS nggentèni perusahaan kredit

Minggu, 7 September 2008

Pihak kawenangan kauangan Amérika maparaké rencana pamaréntah kanggo nggentèni loro perusahaan raseksa silihan pomahan Freddie Mac lan Fannie Mae. Loro perusahaan iku sacara bebarengan nyawisaké mèh separo saka kabèh kredit omah ing Amérika, lan sakwéné krisis pomahan wis tuna miliaran dolar.

Statistik paling anyar nedahaké udakara 9% pamilik omah ing Amérika ora bisa mbayar cicilan utawa ngadhepi ancaman panyitan omahé déning bank.

Panggentènan kaloro perusahaan iku déning pamaréntah federal Amérika arupa pakèt dana panylametan paling gedhé ing sajarah Amérika.

Sumber[edit | edit source]