Wn/jv/2 jet perang Tiongkok tabrakan ing ngangkasa

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > 2 jet perang Tiongkok tabrakan ing ngangkasa

Rebo, 25 Juni 2008

Loro montor mabur perang Angkatan Udhara Tiongkok tabrakan ing ngangkasa nalika latihan dina Rebo. Loro montor mabur iki tiba ing pamukiman pedunung saceraking ibukutha kawasan Mongolia nJero, Hohhot, watara 400 km sisih kulon Beijing. Durung ana pawarta ngenani kurban jiwa saka pedunung.

Kantor pawarta Xinhua nglapuraké yèn montor mabur sing tabrakan iku montor mabur perang J-8 gawéyan lokal. Pilot saka rong montor mabur mau slamet amarga kasil mlumpat metu kanthi migunaaké parasit saka kokpit.

Loro montor mabur iku asalé saka komandho distrik militèr Shenyang. J-8 arupa montor mabur panyergap sing digawé taun 1960-an, sing nalika iku dimaksudaké kanggo nangkal pambom perang Amérika Sarékat lan Uni Sovyiet.

Pangakon ngenani kacilakan ing awaking militèr Tiongkok iki arang banget ditindakaké. Biasané militèr Tiongkok banget ndadèkaké wewadi marang kadadéyan sarupa.

Sumber[edit | edit source]