Wn/jv/Ékonom Dr Sjahrir tilar donya

From Wikimedia Incubator
< Wn‎ | jv
Wn > jv > Ékonom Dr Sjahrir tilar donya

Slasa, 29 Juli 2008

Ékonom Dr Sjahrir (63) sing saiki dadi anggota Déwan Pertimbangan Présidhèn (Wantimpres) bidang ékonomi, tilar donya ing RS Mount Elizabeth, Singapura, Senèn (28/7) watara jam 09.00 wektu Singapura utawa jam 08.00 WIB.

Sawisé disemayamaké ing griya ingkang wonten ing Dalan Sukabumi Nomer 15, Menteng, Jakarta Pusat, rencanané, Slasa iki jam 06.30, dhisin disarèkaké ing TPU Tanah Kusir, Jakarta Kidul.

Saliyané Présidhèn Susilo Bambang Yudhoyono lan Ny Ani Yudhoyono uga rawuh layat, antara liya Mentri Keuangan sing uga Panglaksana Tugas Mènko Perékonomian Sri Mulyani Indrawati, Gubernur BI Boediono, Mensesneg Hatta Rajasa, Menneg LH Rachmat Witoelar, Eros Djarot, Dorodjatun Kuntjoro-Jakti, lan Akbar Tandjung. Sapérangan rencangé ing Déwan Pertimbangan Présidhèn, kayata Ali Alatas, Rachmawati Soekarnoputri, lan Emil Salim uga layat.

Sumber[edit | edit source]