Wb/jv/Seni

From Wikimedia Incubator
< Wb‎ | jv
Wb > jv > Seni

Seni iku bagian kabudayan sing ana hubungane kaliyan wujud rasa apik utawa indah. Rasa apik iku anane ing batin, ing pikiran menungsa. Kesenian iku fungsine kanggo nyaluraken rasa indah ing pikiran, tegese, kesenian iku proses nyiptaaken wujud-wujud sing marakna ati ngerasa seneng, puas, bungah kanggo ngelengkapi sisi batin/spiritual keuripan menungsa.

Sebagian wong duwe anggepan nek Seni iku mung pelengkap, Sakjane seni iku wis ana kawit menungsa lair, dadi ing masing-masing individu, jiwa seni iku tumbuh bareng kaliyan ilmu individu iku.

Fungsi[edit | edit source]

Fungsi seni iku kanggo ngalusaken perasaan, pikiran uga watek/kepribadian, lewih lanjut kanggo ngalusaken tingkah polah utawa tingkah laku menungsa. Kasil pribadi sing wis dibekeli rasa alus iku mengko dadi duwe sifat santun, toleran lan bijak. Mulane kawit cilik menungsa iku wis moali dibekeli muatan seni misale liwat tembang bocah saking biyunge, tembang "Tak Lelo Lelo Lelo Ledung" contone, utawa saking dongeng sing dicritaaken ramane. Fungsi liyane kanggo numbuhke sifat kreatif utamane ing bocah-bocah.

Dolanan iku donya seni bocah sing terus dilakoni nganti bocah iku melebu sekolah. Pelajaran nggambar ing sekolah iku salah siji cara kanggo nuwuhake rasa seni ing jiwa bocah.

Werna-Werna Seni[edit | edit source]

  • Sastra
  • Seni rupa
  • Seni pagelaran
  • Dolanan Bocah

Kasenian miturut Wilayah[edit | edit source]

Wujud seni iku lengket kaliyan enggon asal jenise seni iku. Sifat, werna, gaya lan kabeh perangkat seni mesthi cocok kaliyan enggon asale seni iku.

  • Kasenian Barat
  • Kasenian Timur
  • Kasenian Indonesia
  • Kasenian Jawa