Wb/jv/Sastra Jawa/Sastra Jawa Kuna/Asramawasanaparwa

From Wikimedia Incubator
Wb > jv > Sastra Jawa > Sastra Jawa Kuna > Asramawasanaparwa

Asramawasikaparwa utawi ing versi Jawa Kina dipunwastani Asramawasanaparwa punika serat utawi buku kaping 15 Mahabharata. Inggih punika cariyosipun kados mekaten: Satelasipun perang Bharatayuddha, sang Drestarastra dipunangkat jumeneng dados ratu gangsalwelas taun laminipun ing Ngastina. Karepipun nulung piyambakipun amargi para putra kaliyan kulawarginipun sampun mboten wonten sedaya. Para Pandhawa taksih padha taat saha bekti mumulèni marang piyambakipun supados mboten émut para putranipun. Anging sang Wrekodara mesthi rumaos anyel amargi kémutan sang Duryodana ingkang riyin tumindhak ala.

Lajeng nalika mboten wonten sinten-sintena, sang Drestarastra dipunlèh-lèhaken lepat-lepatanipun. Ing wusana sang Drestarastra mboten tahan manèh lan pamit kaliyan Yudisthira kersa tilar nagari kaliyan manggèn wonten wana. Piyambakipun lajeng dipunteraken para sesepuh: Arya Widura, Dèwi Gandhari saha Dèwi Kunthi. Nalika mbangun tapa, Pandhawa naté niliki, anging mboten dangu satelasipun sang Drestarastra lajeng séda, dipunsusul déning para pendhèrèkipun.

Sumber[edit | edit source]

  • Kapustakan Djawi déning Poerbatjaraka, (1952)