Wb/jv/Sastra Jawa/Sastra Jawa Anyar/Suluk Malang Sumirang

From Wikimedia Incubator
Wb > jv > Sastra Jawa > Sastra Jawa Anyar > Suluk Malang Sumirang

Suluk Malang Sumirang kuwi ajaran Sunan panggung saka Kasultanan Demak. Ajaran iki arupa kritik utawa sindiran marang para ahli Sariat. Wusanané Sunan Panggung diukum kanthi diobong amarga dianggep nyebaraké aliran sesat.

Petikan[edit | edit source]

  • Dosa gung alit tan dèn singgahi
  • ujar kupur kapir kang dèn ambah
  • wus liwung pasikepane
  • tan andulu dinulu
  • tan angrasa tan angrasani
  • wus tan ana pinaran
  • pan jatining suwung
  • ing suwunge iku ana
  • ing anane iku surasa sajati
  • wus tan ana rinasa


  • Pan dudu rasa karasèng lathi
  • dudu rasane apa pa lawan
  • dudu rasa kang ginawe
  • dudu rasaning guyu
  • dudu rasa kang angrasani
  • rasa dudu rarasan
  • kang rasa amengku
  • sakèhing rasa karasa
  • rasa jati tan karasa jiwa jisim
  • rasa mulya wisesa


  • Kang wus tumeka ing rasa jati
  • sembahyanging tan mawas nalika
  • luwir banyu mili jatine
  • tan ana jatinipun
  • mona muni turu atangi
  • saosiking sarira
  • pujine lumintu
  • rahina wengi tan pegat
  • puji iku rahina wengi sirèki
  • akèh dadi brahala


  • Pengunguningsun duk lare cilik
  • nora Selam dening asembahyang
  • tan Selam dening pangangge
  • tan Selam dening saum
  • nora Selam dening nastiti
  • tan Selam dening tapa
  • nora dening laku
  • tan Selam dening aksara
  • nora Selam yèn anut aksara iki
  • tininggal ora esah


  • Selame ika kadi punendi
  • kang ingaranan Selam punika
  • dening punapa Selame
  • pan ing kapir iku
  • nora dening mangan bawi
  • yadyan asembahyanga
  • yèn durung aweruh
  • ing sejatining wong Selam
  • midera anglikasan amontang manting
  • jatine kapir kawak.

Wacan[edit | edit source]

Sejarah Sastra Jawa Dr. Purwadi, M.Hum/, Panji Pustaka Yogyakarta, cithakan kapisan taun 2007. ISBN 979-25-2725-10